Jawaban:
A. Njodhohna tulisan Aksara Jawa
Jawaban Terlampir
B. Tulisen Nganggo Aksara Latin
- 2. Cahyana nunggang sepedha.
- 3. Ibuku ngasta tas gedhe.
- 4. Adhine Sukra isih cilik.
- 5. Saniki lagi wulangan Basa Jawa.
Penjelasan;
Maca aksara Jawa iku kudu merhatekake pasangan lan sandhangan sing digunakake. Sandhangan ing aksara Jawa iku kaperang dadi 3 werna, antarane;
1. Sandhangan Swara
- Taling ꦺ swara é
- Pepet ꦼ swara ê
- Wulu ꦶ swara i
- Taling Tarung ꦺꦴ swara o
- Suku ꦸ swara u
2. Sandhangan Panyigeg Wanda
- Wigyan ꦃ sigeg h
- Layar ꦂ sigeg r
- Cecak ꦁ sigeg ng
- Pangkon ꧀ sigeg paten
3. Sandhangan Wyanjana
- Cakra ꦿ (sesulih ra)
- Cakra Keret ꦽ (sesulih rê)
- Pengkal ꦾ (sesulih ya)
Wangsuli pitakon
A. Njodhohne tulisan latin karo aksarane.
a. ꦫꦗꦏꦪ
b. ꦲꦤꦕꦫ
c. ꦫꦶꦤꦶꦠꦸꦏꦸꦧꦸꦏꦸ
d. ꦠꦺꦴꦏꦵꦤꦺꦧꦸꦢꦺꦮꦶ
e. ꦱꦥꦗꦪ
f. ꦠꦠꦕꦫ
g. ꦤꦠꦧꦠ
h. ꦠꦼꦏꦱꦼꦝꦼꦭ
i. ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦱꦼꦒ
j. ꦧꦶꦩꦭꦒꦶꦱꦶꦤꦲꦸ
1. Ana cara = B.
2. Raja kaya = A.
3. Nata bata = G.
4. Sapa jaya = E.
5. Tata cara = F.
6. Rini tuku buku = C.
7. Bima lagi sinau = J.
8. Tokone Bu Dewi = D.
9. Ora ana Sega = I.
10. Teka sedhela = H.
B. Ngartekake aksara Jawa
2. Cahyana nunggang sepedhah
3. Ibuku ngasta tas gedhe
4. Adhine Sukro isih cilik
5. Saniki lagi wulangan basa Jawa
__________________
Pembahasan
Njodhohne tegese nggathukake tembung sij ing tembung liya, ukara siji ing ukara liya sing wangsulane wis cemepak, supaya bisa dadi ukara kang trep miturut kekarepane.
tuladha :
- tuku
- udan
- sare
Ukarane :
- Santi ..(1).. buku ing warung.
- bapak nembe ..(3), mula aja rame.
- Aja lali nggawa payung, merga mangsa rendheng akeh ...(2).
- lsp
Menawa ngartekake aksara Jawa iku sing kudu digathekake yaiku pasangan lan sandhangane.
→ Pasangan aksara ana 20 :
- ha, na, ca, ra, ka
→ ꧀ꦲ ꧈ ꧀ꦤ ꧈ ꧀ꦤ ꧈ ꧀ꦫ ꧈ ꧀ꦫ
- da, ta, sa, wa, la
→ ꧀ꦢ ꧈ ꧀ꦠ ꧈ ꧀ꦱ ꧈ ꧀ꦮ ꧈ ꧀ꦭ
- pa, dha, ja, ya, nya
→ ꧀ꦥ ꧈ ꧀ꦝ ꧈ ꧀ꦗ ꧈ ꧀ꦪ ꧈ ꧀ꦚ
- ma, ga, ba, tha, nga
→ ꧀ꦩ ꧈ ꧀ꦒ ꧈ ꧀ꦧ ꧈ ꧀ꦛ ꧈ ꧀ꦔ
Dene sandhangan ana 3 :
- sandhangan swara (wulu, suku, pepet, taling lan taling tarung)
- sandhangan panyigeg wanda (wignyan, layar, cecak lan pangkon)
- sandhangan wyanjana (cakra, keret lan pengkal).
Detail jawaban
- Mapel : Bahasa daerah
- Kelas : 5
- Materi : Nulis aksara Jawa
- Kode : 13